Jumat, 28 Juli 2017

KORD SYIIR LIR ILIR NGAMEN (TNI NGAMEN)


         Em
cah angon, cah angon,
                               D
peneknno blimbing kui
                              C
lunyu lunyu penekno
                                   Em
kanggo mbasuh dodot iro
                    D              Em
kanggo mbasuh dodot iro

pitik angkrem selikur dino
yen wes netes yo ora podo
ora bedo sifate menungso
ono sing medit ono sing koyo sumanto
ono sing pelit ono sing loma

tanda tanda ne wong pelit
ngamal wae ora tau
paribasan ono wong ngamen
ono wong ngamen etok etok turu
etok etok turu karo ngempet ngguyu

tanda tanda ne wong loma
weroh wing ngamen wae wes kroso
ngei sewu ning ati lego
tak dongakke umure dowo
sok yen mati munggah suwargo

wong sing sugih amale kurang
ning neroko mbrakoti nggarangan
najan kere amale gede
sok yen mati penak penake
ngko yen mati bakarke sate
wedus limolas kon mangan dewe

simbah simbah ayo ngibadah
ojo mikir sawah lan gabah
simbah simbah yen ra ngibadah
ngko yen pejah bakale susah
ning akhirat nggo brayah brayah

eling eling siro menungso
urip iki mung sawetoro
sing ngati ati lan waspodo
limang wektu lakonono
yen nduwe bondo zakat wenehno

ning akhirat rak ono coklat
ora ono bakul soto babat
ora ono roti donat
opo meneh rondo lewat
onone sikso malaikat

aku emoh iwak kepiting
iwak kepiting sikile limo
aku emoh nduwe bojo kriting
rambut kriting nggo kandang tumo
di rebonding ra lungo lungo

aku emoh iwake yuyu
iwak yuyu iwak segoro
aku emoh nduwe bojo ayu
bojo ayu ngentekke bondo
bojo ayu ndadekke molo

lemah garing lemahe teles
gusti Allah ingkang mbales
lemah garing lemahe teles
yen ra paring sing nyanyi lemes
yen ra paring sing nyanyi lemes

juminten kembrukan gapuro
cekap semanten atur kawulo
menawi lepat nyuwun ngapuro
nyuwun ngapuro kalih nyuwun arto
nyuwun arto kangge tumbas sego

Tidak ada komentar:

Posting Komentar